Sabtu, 28 Mei 2011

KITA PUNIKA KAGUNGANIPUN ALLAH SWT

Alhamdulillah ............................
Sedaya pangalembana kagunganipun Allah SWT Dzat Ingkang nguwaosi sedaya Alam punika : Allam Ruh, Alam Rahim, Alam Donya, Alam Barzah, Alam Makhsyar, Alam Siroth, ugi Alam Akherat Surga lan Neraka.

 Sedaya kagunganipun Allah SWT, kados ngendikanipun Allah wonten akhir Surah Al-Baqoroh ayat 284 ingkang artosipun : "Duwekke  Allah kabeh kang ana ing lapisan langit lan kang ana ing bumi. Pramila punika kita menika ugi kagolong  kagunganipun Allah SWT , jumbuh kaliyan punika pun serat wonten ing QS AT-Taubah 111 ingkan suraosipun :" . Sak temene Allah wis nuku marang wong-wong mukmin kuwi jiwa dan banda-bandane wong mukmin kanthi menehi surga kanggo dhewekke".

Pramila punika kados pundi sedaya ingkang wonten badan kita : inggih jasad / nyawa, banda, fikir lan wekdal sak saged saged , saged ngremenaken Allah SWT. Lha punika kita perlu  lan kedah  latihan. Contonipun kanggenipun tiyang muslim menawi dipun timbali Allah SWT kapurih nyembah kanthi sholah : "Hayya 'alashsholaah" : ayo podho sholato , ananging taksih kathah saking kita dereng cepet-cepet gumregah kangge nindakaken sholat, takseh tumungkul ing pedamelan , wonten ingkang macul, njahit, giitaran / main musik kanggenipun para mudha, ngalamun, ngendika ngalor ngidul ngetan ngulon , ugi kabetahan donya sanesipun. Padahal kita punika kagunganipun Allah SWT, pramila punika monggo, punika dados PR kita sami, saengga pangibadahan kita dumateng Allah tambah sae sebab kita sampun janji : Saktemene sholatku, ibadahku, urip lan matiku mung kanggo Allah Dzat kang Nguwasani Alam sak isine.( QS Al-An'am : 162 )

Monggo-monggo ingkang maos Blog kita sareng sareng ndandosi amal amal kita, Insya Allah menawi amal ingkang minggah dumateng Allah sae kaberkahan saking langit lan bumi badhe dipun paringaken dumateng kita sedaya ....Allaahumma Aamiiin.


Tidak ada komentar: